GD

Tua yang Sejati

Sumber bacaan: SERAT WEDHATAMA karya KGPAA Mangkunegara IV.

 

Menjadi tua itu seringkali bukan perkara yang mudah.

Tuwo (bhs Jawa untuk tua) berarti menunggu metune nyowo (keluarnya nyawa). Namun, belum lagi nyawa keluar, malah ada yg sudah pikun dan banyak lupa. Maka dari itu, meski sudah tua, harus berusaha supaya tidak sampai kurang pengetahuan.

Orang tua yang kurang pengetahuan bisa jatuh dalam dua keadaan ekstrim, yaitu:

Pertama:

Merasa sudah tua, sudah loyo, sudah sakit-sakitan, tak bisa apa-apa, tak punya apa-apa, dan sudah bukan siapa-siapa lagi.

Orang tua yang demikian merasa sepi, hambar, hampa, terasing.

Sepi, artinya merasa tanpa kawan, merasa hidup sendiri.

Hambar, artinya hidup tanpa merasakan enak. Makan-minum tak terasa enak. Duduk, berjalan, tidur, juga tak terasa nikmat.

Hampa, artinya merasa bagai sampah, tak berguna dalam hidup bermasyarakat.

Terasing, artinya merasa tak bernilai, terbuang dari pergaulan.

Keadaan yg demikian itu kemudian menumbuhkan gangguan hati, memunculkan frustrasi yang berujung depresi. Orang yang demikian itu bisanya hanya mengeluh, tak bisa lagi memanjatkan syukur ke hadirat Tuhan.

Kedua:

Orang tua ada yg dalam pergaulan tingkah lakunya memalukan, tidak sesuai dengan usia tuanya. Karena dia merasa “bisa” sehingga terlalu banyak omong, mengikuti pendapatnya sendiri. Tak mau dianggap keliru karena mengejar pujian.

Orang tua seperti itu sering dikatakan menderita post power syndrome, karena kehilangan kekuasaan.

LANTAS BAGAIMANA ORANG TUA YANG SEBENARNYA?

Gambaran orang tua yang sejati adalah:

* Memahami keinginan orang lain meski tidak diungkapkan

* Kepandaiannya disimpan dalam hati, tidak dipertontonkan dan tidak untuk pamer. Jika dimintai pendapat atau nasihat, disampaikan dengan cara yg menyenangkan, artinya tanpa meremehkan orang lain.

LALU, BAGAIMANA CARANYA MENJADI ORANG TUA YG SEJATI:

* Harus diawali dengan mawas diri, mengerti kekurangan diri sendiri

* Karena masih dikaruniai umur oleh Tuhan, artinya masih harus berkarya. Wujud karya bisa apa saja. Lebih bagus jika menekuni hobby yang baik, seperti: bertani, menulis lagu, berpuisi, bermain musik, masak, dll.

* Untuk membantu berkembangnya pengetahuan, sangat baik jika terus belajar. Belajar bisa melalui membaca buku, juga bergaul dengan kawan-kawan. Belajar ini bermanfaat untuk mencegah pikun karena nalar senantiasa diasah. Semangat belajar juga menjadi contoh dan teladan bagi anak-cucu. Yang tua saja tak henti belajar, yang muda seharusnya lebih sungguh-sungguh dalam belajar.

Akhir kata, mohon maaf untuk segala kekurangan dan kesalahan.

 


 

Monggo dipun waos para pinisepuh..
Ulasan dibawah ini disunting dari karya fikir KGPAA Mangkunegara IV, disajikan dengan bahasa spt apa adanya (bhs Jawa) dengan tujuan agar materi yg tersaji lebih genuin, karena sulit utk menerjemahkannya ke dalam bhs Indonesia tanpa mengurangi value yg terkandung di dalamnya.

Semoga bermanfaat…..
============================
SEJATINING SEPUH

Dados sepuh puniko prekawis ingkang sok mboten gampil.

Tuwo ateges ngenteni metune nyowo. Malah wonten ingkang sampun pikun lan kathah kesupenipun. Pramilo, sanadyan sampun sepuh/adiyuswo, kedah ngudi supados mboten ngantos kekirangan pangertosan.

Tiyang sepuh ingkang kirang pangertosan, saget dhawah ing kawontenan ekstrim kalih, inggih puniko :

* Ingkang sepisan :

Rumaos wis tuwo.., ateges wis gerang (segere arang2), wis loyo, wis lara2nen, wis ora biso opo2, wis ora duwe opo2 lan wis dudu opo2 maneh’.

Tiyang sepuh ingkang mekaten rumaos sepi, sepo, lir sepah, lan samun.

Sepi.., tegesipun ngrumaosi tanpo konco tanpo kanthi, utawi ngrumaosi namung gesang piyambakan.

Sepo.., tegesipun gesang mboten ngraosaken sakeco, dhahar ngunjuk boten kraos eco, lenggah, tindak, sare, inggih mboten kraos sakeco.

Sepah.., tegesipun rumaos kados sampah tanpo wonten ginanipun ing bebrayan.

Samun.., tegesipun rumaos tanpo aji, kabucal saking bebrayan.

Kawontenan makaten puniko lajeng nuwuhaken semplah ing manah.., minggahipun frustrasi wusono lajeng depresi. Tiyang mekaten puniko sagetipun namung sambat, mboten saged ngaturaken syukur dhateng kanugrahaning Gusti.

* Ingkang kaping kalih :

Tiyang sepuh wonten ing pakempalan tumindakipun gonyak-ganyuk.., ngisin isini.
Gonyak-ganyuk tegesipun pangandiko lan tumindakipun mboten trep kaliyan kasepuhanipun.
Amargi rumaos “biso” lajeng kekathahen pangandiko, mituruti pamanggihipun pribadi…, mBoten purun dipun anggep klentu amargi mbujeng pangalembana.
Tiyang sepuh ngaten puniko winastan anggadahi gerah post power syndrome, amargi kecalan panguwaos.

LHA SEJATOSIPUN.., KADOSPUNDI DADOS TIYANG SEPUH INGKANG SAESTU…. ?

Gambaran sejatining sepuh inggih punika:

* Waspodo ing semu, tegesipun mangertosi kersanipun tiyang sanes nadyan mboten kawedharaken.

* Sinamun sinamudono, tegesipun sinaosa pinter nanging kasimpen ing salebeting manah. Kapinteran lan kaprigelanipun mboten dipun umukaken. Dene menawi dipun suwuni wawasan, anggenipun paring dhawuh kanthi coro ingkang ngremenaken.., ateges mboten ngremehaken.

LHA, LAJENG KADOSPUNDI CARANIPUN DADOS SEJATINING SEPUH ?

* Kedah kawiwitan kanthi mulat sarira (mawas dhiri).., mangertosi kekiranganipun dhiri.

* Amargi taksih kaparingan gesang dening Gusti.., ateges taksih kedah makaryo. Wujuding pakaryan saget punopo kemawon, langkung prayogi bilih nindakaken hobby sae, kados upaminipun : olah tetanen, nganggit lagu, geguritan, paguyuban karawitan, masak, lsp.

* Kangge nyengkuyung mindhaking pangertosan, sae menawi tansah sinau.
Sinau puniko saged kanthi maos buku2, ugi srawung kalian konco. Sinau punika maedahi kangge nyegah tiyang dados pikun, awit nalar tansah dipun asah. Semangat sinau ugi dados tulodho tumrap putra wayah. Sing tuwo wae ora kendhat sinau, sing enom kudune luwih tumemen anggone sinau.

WUSONO.., lepet kupat opore santen, menawi lepat nyuwun gunging pangapunten.

Sumbering waosan:
SERAT WEDHATAMA anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV.